Ilat Tanpa Balung

Yen kepengin kajen keringan
Aja seneng metani alaning liyan
Katon becik ing rai
Nanging ngidoni ana ing mburi
Yen pancen duweni watak satria
Adhepana kabeh perkara
Aja seneng ngumbar watak candhaka
Nguja rasa drengki, srei
Nyawang yen pribadhine paling bener
Yen kepengin uripe adhem ayem
Sinau nampa kahanan kang ana
Aja nduwe penganggep mitra kuwi mungsuh
Ngapa tansah gawa serik lan nglarani atine liyane
Ngapa duwe tansah ora percaya
Ngapa pangrasa ala ora bisa sirna
Kang tansah nguja rasa adigang, adigung, adiguna
Coba ngila marang diri pribadhi
Apa wis bisa kanggo tepa palupi
Kabeh tindak tanduk lan budi pekerti
Apa mung pinter metani
Malah mongkong bisa njejuking ati
Marang liyan kang pasrah gelem nampani

Share this:

ABOUT THE AUTHOR

0 komentar :

Posting Komentar